Lur,saiki nandi ae dalan sing awake dewe liwati mesti eruh motor satria fu sing nggawe ban cilik,ora satria fu thok sakjane sing akeh nggawe ban cilik motor sport koyo vixion,megapro primus,ninja 250 yo enek motor matik tansoyo akeh mio,beat,vario wes…pokoke uakeh tenan lak mung pengen eruh motor mggawe ban cilik ne dalan 🙂
Laaahh…salah siji motor sing tak unekne ne nduwur mau miturut pendapatku sing paling pas nggawe ban cilik iku mau yoiku satria fu,soale bodine satria fu kui ancen ramping alias tipis dadi klop wes,body cilik ban cilik jian mantab tenan iki yen di delok soko sawangan modif motor.
Aku setuju puuool satria fu nggawe ban cilik lak tujuane nggo kontes motor,ngganteng-nggantengan rai rupo motor,tapi yen nggo ugal-ugalan boso gawule alay-alayan ne dalanan umum ngapunten lur kok sajake g pas banget,dudu nggone motor apik-apik nggo pencilakan ne dalan,opo ora eman-eman lak ngragati entek atusan ewu malah enek sing sampek jutaan ngunu 🙂
Yo kudune ngerti panggon lah,masio ngragati motor nggawe duit wong tuane soko kringetmu dewe proyo eman-eman to yoh 🙂
Lagian yen nggawe ban cilik ne dalanan umum kui akeh resikone,musuh nomer siji yoiku polisi,dijamin mrinding eruh polisi golek dalan trabasan,yo lak enek dalan trabasan,lak ora enek piye jal??
Wess…mulai saiki dulur-dulurku kabeh sing mggawe ba cilik ne dalanan umum ndang elingo bahaya lan resikone akibate nggawe ban cilik mumpung rung kadong 🙂
Modif motor ban cilik okemawon tapi kudu pas panggonane.
Wes ngunu tjok ae tulisan boso Blitarane dino Minggu iki 🙂
Minggu ngarep Boso Blitaran siap metu maneh sing mbahas masalah umum sing enek ne sekitare dewe terutama sing enek hubungane karo motor-motoran.
Matur nuwun.
Terimakasih,semoga bermanfaat.
Twitter : @Rudy_Antoni
Facebook : Rudy Antoni
E-Mail : rudy_052@yahoo.com


mosooookkk to????
mbuuhh yoo…
Cobo mas abit kon modip pespa nggawe ban cungkring…luweh apik koyo’e.. 😛
wkwkwkwk..kae modif standart ae cak isone 🙂
http://ariblogmotor.wordpress.com/2013/02/24/tips-merawat-motor-injeksi/
ayo blakraan maneh bareng cak albaroyo.
Nek di ngge ban ageng kuwi ora puantes blass… Mergo awak’e cuilik. Tepak’e standar wae lah mboten usah leuwih cilik malih, wes ra usah neko2 ..
leres mas,standart luweh apik 🙂
Gak pahammmm…..
next mungkin ada terjemahnya kali ya??
gogle translate tidak bisa mendeteksi/ menterjemahkan
hahaaha… g lengkap beearti google translatenya…
ngeehh leres niku..
salam mas bro soko cah TAgung
salam balik mas .
tonggone iwb iki yoo.. 🙂
Salam kenal mas Rudy…aq yo cah blitar tp saiki tinggale neng Rembang jateng…aq jian ora seneng ono montor dinwi ban cacing..opo wae montore..iku jenenge bubun diri…jare sopo nggawe ban cacing luwih ganteng..yo isih ganteng gawe ban gede..nek ono wektu mampiro neng bengkele adik misananku, jalan kelud..bengkele Arif..aq biyen neng kono tapi saiki wes oleh kerjoan neng rembang..
wweehh..cah Blitar iki tibake,salam kenal mas nggih.koyoke tau komen nduuuisik ne blog iki!
BTW bengkele misanane sampian bengkel umum opo modif mas,insyaalloh mampir bengkel ngko mas 😀
………………………………………………….
Balik ketopik,maksute apik soko/segi modifikasi mas!tapi ojo sampek nggo ne dalan umum 😀
Bengkel bubut menerima modif..sering ngerjakan over valve diameter, ubah sudut valve, dsb…oalah omahe kuningan kono tho…sampeyan mbiyen sekolah neng endi mas…aq lulusan stm negri tahun 99..iyo aq buiyen pernah komen neng kene…
aku yo lulusan kunu mas,tapi tahun 2005 🙂
weehh…kakak kelas iki yo…!
Oke mas..good for your chalange..mugo2 blogke lancar lan tansah pinaringan rahayu wilujeng…
apik disawang…hehehe…
mededi lak di tumpaki 🙂
Ponakan ku wingi barganti ban cacing palah tak seneni/marahi mas..wedi nak ciloko ne dalan umum..
maaf masbro, sebaiknya pake bhs indonesia aja…
banyak yang ga ngerti ini, jadi males bacanya…
mudah2an dengan pake bahasa indonesia lebih banyak yang baca, dan bermanfaat bagi orang lain
maaf atas ketidak nymananya,tilisan berbahasa jawa atau blitran ini memang sengaja saya tulis sebagai edisi kusus 🙂
gambar ngisor paling suippp….ben ngerti nek gawe ban cilik iku sakjane ayahab ilakes….gampang mrusut, mlese, lha terus ndlosor…
teruss,,,ndoweh lambene… :megreen:
lur, dulur wkwkwkwkw
lha piye lur… hehehehe 😀
pak polisi ugo paling nesu ngadepi bocah sing sneng masang ban cilik.. 😀
hahaha… 😀
…..wedew… boso ne keren tenan… sedep… opo ora ngeri yen gowo ban cilik pak lurah..>??… yen sagita ono ne watu cilik…. rungok no sagita kae sing judul e watu cilik pak lurah… 😀 … lirik e ono sing menthol nang dada, jenenge kutil kuwi.. 😀 .. .
loohh..yaa…mulai… 😀
mblitar ngendi mas e?
dulu kanigoro,sekarang tinggal menetap di Kuningan 🙂
lhah… aq sering nang tlogo ….
loohh..iyo to…??lha omahku lak kulone tlogo 🙂
mampiro kang hehehehe…
Sak ngerti ku sak jawa timur,sing terkenal boso jowone alus mung blitar bener yo?
alus kabeh kok mas 😀
Ditilang to mas…se7..ben modyar cangkeme..
bane ae cacingan opo maneh sing nduwe
sing nduwe kreminen 🙂
Artinya: . . .