
Ban kecil apik,tapi salah panggon
Lur,saiki nandi ae dalan sing awake dewe liwati mesti eruh motor satria fu sing nggawe ban cilik,ora satria fu thok sakjane sing akeh nggawe ban cilik motor sport koyo vixion,megapro primus,ninja 250 yo enek motor matik tansoyo akeh mio,beat,vario wes…pokoke uakeh tenan lak mung pengen eruh motor mggawe ban cilik ne dalan π

Pulsar juda ada
Laaahh…salah siji motor sing tak unekne ne nduwur mau miturut pendapatku sing paling pas nggawe ban cilik iku mau yoiku satria fu,soale bodine satria fu kui ancen ramping alias tipis dadi klop wes,body cilik ban cilik jian mantab tenan iki yen di delok soko sawangan modif motor.
Aku setuju puuool satria fu nggawe ban cilik lak tujuane nggo kontes motor,ngganteng-nggantengan rai rupo motor,tapi yen nggo ugal-ugalan boso gawule alay-alayan ne dalanan umum ngapunten lur kok sajake g pas banget,dudu nggone motor apik-apik nggo pencilakan ne dalan,opo ora eman-eman lak ngragati entek atusan ewu malah enek sing sampek jutaan ngunu π
Yo kudune ngerti panggon lah,masio ngragati motor nggawe duit wong tuane soko kringetmu dewe proyo eman-eman to yoh π
Lagian yen nggawe ban cilik ne dalanan umum kui akeh resikone,musuh nomer siji yoiku polisi,dijamin mrinding eruh polisi golek dalan trabasan,yo lak enek dalan trabasan,lak ora enek piye jal??
Wess…mulai saiki dulur-dulurku kabeh sing mggawe ba cilik ne dalanan umum ndang elingo bahaya lan resikone akibate nggawe ban cilik mumpung rung kadong π

Loohhh...yoo kapok pora??
Modif motor ban cilik okemawon tapi kudu pas panggonane.
Wes ngunu tjok ae tulisan boso Blitarane dino Minggu iki π
Minggu ngarep Boso Blitaran siap metu maneh sing mbahas masalah umum sing enek ne sekitare dewe terutama sing enek hubungane karo motor-motoran.
Matur nuwun.
Terimakasih,semoga bermanfaat.
Twitter : @Rudy_Antoni
Facebook : Rudy Antoni
E-Mail : rudy_052@yahoo.com
Silahkan Share ke Teman Sobat.