Ngreyen motor sing bener kui piye? [Boso Blitaran]

image

Sing kiwo nggone sing nduwe warung

Lur,oleh semingguan iki konco sak kerjoan tuku motor anyar Honda Beat Injeksi rupane biru putih.Naahh…berhubung urung tau ngreyen motor bocae bingung carane ngreyen motor kui piye sing bener? Lah bocahe takon nggone tonggo jarene lak ngreyen motor kon ngegas motor sak pol-pole supoyo tarikane cepet penak.Soko omongane tonngo kui mau akhire motor langsung di gas sak pol-pole pas dinggo budal kerjo. Tibake bocah iki mau sik bingung maneh perkoro motor oleh nggo goncengan opo ora,takone iki nenggonaku,terus tak jawab “oleh” asal manut buku petunjuke,ojo digas luweh soko separo gas. Koncoku langsung nyaut “loh jarene tonggoku g oleh lak urung serpis sing pertama. “Sing bener sing endi iki” bocae bingung mergo akeh omongan sing mlebu. Sing kiro-kiro piye lur ngreyen motor kui,monggo dirembug bareng 🙂

Terimakasih,semoga bermanfaat.

Twitter : @Rudy_Antoni
Facebook : Rudy Antoni
E-Mail : rudy_052@yahoo.com